Sabtu, 25 Februari 2012

contoh pidato basa jawa


Halo temen-temen :) share nih tentang contoh pidato bahasa jawa, selamat menikmati (emang makanan), oke detz, selamat mencicipi (aduh aduh sama adja) ya udah selamat ngapain aja :*
 

Banyu
Kanggo Sumber Penguripan

Tirta
Dening : Anisa Anggraeni

Rupamu bening tanpa warna
Wujudmu kaya priyantun antaka
Ora obah ora nyabda
Laladanmu ana sadhengah
            Pamongan pada marsudi marang kowe
            Amarga kowe akeh kanggone
            Ora mung eka uga mung nawa
            Nanging luwih saka langit

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kula hormati, Bapak Kepala SMAN 1 Seyegan, Bapak/ Ibu Guru ingkang ugi kula hormati, staf TU, karyawan lan karyawati, kanca-kanca kelas X, XI lan XII ingkang kula banggakaken saha trah keluarga SMAN 1 Seyegan ingkang nembe sumringah.
Sumangga, adicara menika kita wiwiti kanthi ngunjukake puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Robbuna Wa Robbukum ingkang sampun maringi kamurahanipun sahingga kita saged kumpul wonten panggonan menika, ing SMA sing paling kita tresnani, SMAN 1 Seyegan. Mboten kesupen, shalawat sarta salam mugi katur dhumateng Nabi akhirul zaman, Nabi Muhammad SAW ingkang kita tengga syafaatipun ing donya lan akherat.
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan,
Sepindah, kula, Anisa Anggraeni, ngaturaken agunging panuwun amargi sampun diparingi wekdal lan panggenan kagem ngadeg ing mriki kangge maringi sesorah ingkang migunani kagem para lenggah.
Sakderingipun kula terusaken, mesti para lenggah sami bingung kalian sikap kula sing wau langsung maca geguritan sakniki malah ajeng paring sesorah. Nah, geguritan wau wonten hubungane kalian sesorah sing ajeng kula aturake. Geguritan wau isinipun bab manfaate toya sing kathah sanget. Saking kathahe pamongan padha nggolekki toya tekan sajroning bumi. Wonten ing wekdal menika, kula badhe mbahas bab “Toya Kangge Sumber Penguripan”
Nah, saderengipun kula paparaken menapa lan kepripun toya ing jaman sakniki. Menika wonten bab sing mboten kalah sae mbahas kasunyatan toya sing kedhah kita simak. Menapa mawon, pengen mangertos?
1.      Toya mboten wonten ambune lan rasane wujude mung cairan tembus pandang utawi basa ilmiahipun trasnparant.
2.      70% donya menika ditutupi marang toya, wujude werno-werno kadosto toya laut, kali, danau lan gunung es.
3.      Sing paling nyebai, 97% toya ing bumi asin, dene sing 3% wujud toya resik. Cacahe populasi manungso 6,8 milyar, saben tiyang betah 2 liter toya saben dinten, neg mboten hemat, pinten tahun malih kita bakal kekirangan toya.
4.      Toya saged dados energy listrik. 24% listrik dihasilake saka toya.
5.      60% awak manungso kasusun saking toya.


Nah, nonton kasunyatan ing nginggil sinten sing mboten setuju menawi toya menika kebutuhan sing paling gedhe kanggo kahuripan ing bumi? Sedaya mesti setuju toya menika barang ingkang penting. Leres? Sedaya pakaryan sing kita tindakaken mboten luput saking barang sing asmane toya. Kayata siram, dhahar, ngunjuk lsp, sedaya betah toya. Nanging, kita mboten angsal namung ngginakaken toya nanging mboten kersa njaga kelestarian toya lan sumbere.
Nah, kathah tiyang sami ngendika sumber toya sumber kahuripan. Miturut kula, kalimat menika kalebu kalimat sing mprihatinake. Amargi menapa? Nah, amargi kathah sumber toya sing sampun kenging limbah utawi bahan-bahan kimia sanese sahingga mboten saged diagem masyarakat. Apa maneh sakniki taksih kathah tiyang sami ngetok wit-witan ing ngalas gedhe tanpa milah-milih, mbucal sampah utawi regetan sak penakke piyambak. Menawi gawean kaya mekaten terus-terusan kedadean, mboten sah dangu-dangu, 10 tahun maleh, mesti kita bakal kekurangan toya. Amargi ngalas gedhe sing dados papan kangge nyinggahake toya sampun rusak.
Terus, kepripun sikape pemerintah ngadepi masalah kados mekaten?
Nah, sakniki pemerintah nembe nggalakaken usaha kangge njaga sumber toya, kayata :
1.      Pabrik sing ajeng didamel kedhah adoh saking nggriyane warga.
2.      Anggenipun mbucal limbah pabrik kedhah diatur, supados mboten ngrusak ekosistem ing sakiwa tengene.
3.      Pemerintah ngawasi cacahe pestisida utawi zat-zat kimia sanese sing diagem petani sahingga mboten nyebabake struktur lemah rusak.
4.      Nganakake penghijauan.
5.      Maringi hukuman kagem para pelaku perusak lingkungan.
6.      Maringi pangertenan utawi sosialisasi kangge masyarakat bab pentinge njaga kelestarian sumber toya.
Usaha pemerintah ing nginggil mboten bakal sukses menawi kita sebagai warga masyarakat mboten antusias kalian programe pemerintah. Kathah cara ingkang saged kita tindakaken kangge ndukung programe pemerintah, tuladhanipun :
1.      Menawi badhe ndamel latar katon luweh sae, saged ngagem paving block. Paving block menika anggene masang diparingi selo, sahingga toya saged ngeresep ing lemah.
2.      Kita ugi saged ndamel sumur resapan, sing fungsine kangge nyepetake toya ngeresep ing lemah. Lemah bekas dudukan sumur saged diagem nutup lemah sing luwih cendek.
Nah, menawi kita lan pemerintah kerja bareng, hasile saged dirasakake bareng, mboten betah wekdal dangu. Sedanten oke.
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan,
            Menika sesorah ingkang saged kula aturaken. Mugi kathah manfaate kagem kita sedaya. Setunggal langkah, sewu perubahan. Wiwiti langkah kui saka awake dewe, neg udu awak dewe, sopo meneh?.
Kewan mbengi jenenge lawa
Sok dicekel karo anake Pak Tumun
Cekap semanten sesorah kula
Sugeng enjang lan maturnuwun

Wasalamu’alaikum Wr. Wb.
Kapustakan